Selasa, 07 Maret 2017

Do'a Jawa Paling Dahsyat

السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُاللَّهِ وَبَرَكَاتُهُ                 


*Weling Pituturing Pinisepuh*


- Nggèr anakku.
- Sawangen kaé dagelan jagat.
- Sing lagi rebutan ndonya lan pangkat.
- Rumangsané wis paling kuat kinurmat.
- Nganti lali yèn ndonya iki bakalé kiamat.

- Nggèr anakku.
- Sawangen kaé dagelan jagat.
- Padha lali ngrumat wasiat.
- Gaman aji kanggo ndonya akhirat.
- Nggèr anakku.
- Sing kok sawang kaé ojo ditiru.
- Rungokno lan élinga marang pesenku.
- Kanggo gondèlan laku uripmu.
- Nggèr anakku.
- Ayu-bagusmu dudu saka wedak pupur kang gampang luntur.
- Ning soko resiké atimu kang ngugemi pitutur luhur.
- Sugihmu dudu emas picis raja brana sing gampang sirna.
- Ananging jembaring atimu sing koyo segara.
- Kang biso nampa pesthining Gusti Allah kang Maha Kuwoso.
- Nggèr anakku.
- Eling di eling².
- Ojo nganti teteging imanmu nggoling.
- Sekarat pati bakal banget larané.
- Yèn rikala jaman uripé.
- Akeh dosané, lali marang tobaté.
- Pramula ayo pada éling selawasé.
- Dimèn pada becik nganti ing wekasané.

Sumonggo kito sami reresik manah kito,
Mugi-mugi Gusti Allah amberkahi kito sedoyo. 

                               
وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللَّهِ وَبَرَكَاتُهُُ

Share this

0 Comment to "Do'a Jawa Paling Dahsyat "